Du Doda Dadu Ditoto Karo NgguyuBesar Opo Kecil Menang Mesti MecicilSiji Loro Telu Papat Limo EnemKalah Dadi Awu Menang Mesti DigunemSengkuni Lungguh Kursi Ombenane WhiskiDadu Disebuli Atur StrategiKomat-Kamit Mateg Aji Kudu Iso BatiMergo Menang Kuwi Bakal Dadi Solusi..Dursasono Mlebu-Metu Aromane CiuPikirane Saru Ngumbar Howo NepsuMenang Menang Menang Bakal Iso MadhangMadhang-Madhang Gedhen Bakale Oleh BalenIng Projo NgastinoDadi Seksi Nyoto Laku DurjonoTumindak Cidro Bakal CilokoWus Kaserat Ing Mohobaroto..Yudhistiro Ngelus Dodo La Kok Kulak MoloSak Onone Bondho Kabeh DiudoknoOra Mung Ngamarto Opo Maneh PendowoPancali Ugo Kabeh DiwenehnoDuryudono Ngguyu Kekel Sengkunine KendelKabeh Do Dibuntel Dadu Dadi PiandelDursasono Tambah Gatel Tangane Goyal-GayelDrupadi Dicekel Jarike Tambah Kandel..Ing Projo NgastinoDadi Seksi Nyoto Laku DurjonoTumindak Cidro Bakal CilokoSakabehing Biso Dadi Tulodho..Ing Projo NgastinoDadi Seksi Nyoto Laku DurjonoTumindak Cidro Bakal CilokoWus Kaserat Ing Mohobaroto..Du Doda Dadu Dikopyok Nganti MetuBesar Opo Kecil Menang Tambah SemrintilSiji Loro Telu Yen Kalah Dadi AwuPapat Limo Enem Yen Menang Mesti Marem