Yo Ayo Iki Mlebu Wulan PosoPoro Menungso Mulai Toto-TotoNoto Manah, Noto Jiwo, Mepeg Dur AngkoroKudu Luwih Apik Adoh Tumindak OloJare Sengkuni Niat Belajar NgajiPingin Uripe Iso Ayem MigunaniSengkuni Pingin Cedak Karo GustiSengkuni Srei Dengki Kudu Mari(Tobat Neng, Tobat..)Dursasono Prei Ndugal Mbok MenowoMlebu Sasi Poso Kudu Dadi TulodhoKaraoke, Judi, Mbabon Leren SakwetoroSenajan Rekoso Nanging Niat Kudu OnoNyawang Kahanan Bismone Tambah AyemBegawan Durno Ati Seneng Mesam-MesemDurmogati Stel Kendo Mlaku KalemCitraksi Leren Mendhem Jo Digunem..Reff :Wis.. Wan..cineSasi Romadhon Wayahe Poso..(Yen Niat Yo Ngempeto..)Ja..re.. SimbahDemit-Demite Dibondo..(Dicemplungne Segoro..)Wis.. Wa..yaheTumindak Becik Ora Sembrono..(Sembahyange Dijogo..)Apik Sakben..dinoTekan Poso Ngarep Teko..Wektu Sewulan Cen Apik Iso PosoPoso Opo Wae Ora Mung Ngunjuk NedhoBelajar Ngempet Babahan Howo SongoTumrape Menungso Dadi Laku Kang UtomoPuntodewo Tambah Sabar Bab AgomoBimo Lan Janoko Ora Kendat Yen DedungoNakulo Sadewo Noto Manah Olah RosoDrupadi Tansah Syukur Mring Kuoso..Kyai Semar Paring Dalil Ular-UlarNolo Gareng Mbuka Kitabe DiwedarKyai Petruk Wiridan Donyane AmbyarUstadz Bagong TekoPreman Kampung Podo BubarMas Togog Duwe Niat Pingin TobatMas Mbilung Leren Mreman Ojo KumatMbok Cangik Tambah Syukur Ora SambatMbak Limbuk Gawe Jilbab Tutup Aurat..Reff :Wis.. Wan..cineSasi Romadhon Wayahe Poso..(Yen Niat Yo Ngempeto..)Ja..re.. SimbahDemit-Demite Dibondo..(Dicemplungne Segoro..)Wis.. Wa..yaheTumindak Becik Ora Sembrono..(Sembahyange Dijogo..)Apik Sakben..dinoTekan Poso Ngarep Teko..LailahailallahAl Malikul Haqqul Mubin..Muhammadur RosulullahShodiqul Wa’dil Amin..Gusti AllahSejatine Pangeran Kulo..Nabi Muhammad Iku Panutan Kulo..Nabi Muhammad Iku Panutan Kulo..