Soyo Gede Lagi Kroso
Abote Golek Arto..
Direwangi Jungkir Walik
Kerjo Totoan Nyowo..
Sampek Kapan Uripku Dinggo
Idek-Idekan..
Pingin Comeback Malik Keadaan..
Ngalor Ngidul Turut Ndalan
Golek Panguripan..
Nandur Terus Mboten Ngertos
Bakal Uwohe Kapan..
Mugi Gusti Pangeran Enggal
Maringi Dalan..
Ben Nasibku Pinaringan Kabegjan..
Reff :
Opo Mungkin..
Sing Gak Mungkin Dadi Mungkin..
Opo Iso Sing Khayal Dadi Kenyataan..
Urip Pisan Anane Mung Dipulosoro
Karo Rojo Dadakan..
Arep Nyerah.. Kesatria Kok Lemah..
Najan Susah Tetep Kudu Macak Gagah..
Ati Pitik Balung Gajah..
Wani Ndisik Ojo Wedi Kalah..
Mboten Muluk-Muluk
Pingin Sugih Pitung Turunan..
Gusti Paringi
Rejeki Deres Koyo Udan..
Jalur Langit Niku
Mboten Wonten Sing Iso Nglawan..
Kulo Siap Nampi Pulung..
Jackpot Kehidupan..
Reff :
Opo Mungkin..
Sing Gak Mungkin Dadi Mungkin..
Opo Iso Sing Khayal Dadi Masuk Akal..
Urip Pisan Anane Mung Dipulosoro
Karo Rojo Dadakan..
Arep Nyerah.. Kesatria Kok Lemah..
Senajan Susah Tetep Kudu Macak Gagah..
Ati Pitik Balung Gajah..
Wani Ndisik Ojo Wedi Kalah..
Ati Pitik Balung Gajah..
Wani Ndisik Kersaning Barokah..