Kendal Kaline Wungu
Ajar Kenal Karo Aku..
Lelene Mati Digepuk..
Gepuk Nganggo Walesane..
Suwe Ora Pethuk..
Ati Sido Remuk
Kepethuk Mung Suwarane
E Yak'e.. Yak'e.. E Yak'e..
Yak'e Yak'e Yak'e..
Jangkrik.. Genggong
Jangkrik.. Genggong
Luwih Becik.. Omong Kosong..
Semarang Kaline Banjir..
Jo Semelang Ra Dipikir
Jangkrik Upo Sobo Ning Tonggo
Melumpat Ning Tengah Jogan..
Wis Watak Wanito..
Jare Ngaku Setyo..
Tekan Ndalan Selewengan..
E Yak'e.. Yak'e.. E Yak'e..
Yak'e Yak'e Yak'e..
Jangkrik.. Genggong
Jangkrik.. Genggong
Wani Nglirik.. Sepi Uwong..
Yen Ngetan Bali Ngulon
Tiwas Edan Ra Kelakon..
Yen Ngrujak Rujako Nanas..
Ojo Ditambahi Kweni..
Kene Tiwas Nggagas..
Awak Adem Panas
Jebul Ono Sing Nduweni..
E Yak'e.. Yak'e.. E Yak'e..
Yak'e Yak'e Yak'e..
Jangkrik.. Genggong
Jangkrik.. Genggong
Sampun Cekap Mongso Borong..