Sumribid Angin Ratri..
Tansah Angantheni..
Setya Nrajang Telenging Ati..
Angen Angen Tumlawung Suwung
Ing Wengi Sepi..
Tansah Angranti Tekamu Duh Yayi..
Wong Ayu Age Nyedhak'a..
Ing Sandhingku..
Nyawang Manising Esemmu..
Gawe Lerem'e Rasaku
Tentrem Ing Atiku
Haywa Pegat Tresnamu Sayangku
Chorus :
Pindho Samudra Pasang..
Kang Tanpa Wangenan..
Tresnaku Mring Sliramu Sayang..
Cahyaning Mbulan Kang Sumunar
Abyor Ing Tawang
Yekti Sliramu Kang Dadi Lamunan..
Wong Ayu Age Nyedak..a Ngekep Ragaku
Sirnakna Lara Branta Ing Atiku..
Amerga Kabidhung Wewayangmu Ing Pikirku
Haywa Pegat Tresnamu Dhuh Sayangku..
Chorus :
Pindho Samudra Pasang..
Kang Tanpa Wangenan..
Tresnaku Mring Sliramu Sayang..
Cahyaning Mbulan Kang Sumunar
Abyor Ing Tawang
Yekti Sliramu Kang Dadi Lamunan..