Chordyes

Sengkuni Dadu

Sengkuni Dadu Lyrics by Kajawi

Du Doda Dadu Ditoto Karo Ngguyu Besar Opo Kecil Menang Mesti Mecicil Siji Loro Telu Papat Limo Enem Kalah Dadi Awu Menang Mesti Digunem Sengkuni Lungguh Kursi Ombenane Whiski Dadu Disebuli Atur Strategi Komat-Kamit Mateg Aji Kudu Iso Bati Mergo Menang Kuwi Bakal Dadi Solusi.. Dursasono Mlebu-Metu Aromane Ciu Pikirane Saru Ngumbar Howo Nepsu Menang Menang Menang Bakal Iso Madhang Madhang-Madhang Gedhen Bakale Oleh Balen Ing Projo Ngastino Dadi Seksi Nyoto Laku Durjono Tumindak Cidro Bakal Ciloko Wus Kaserat Ing Mohobaroto.. Yudhistiro Ngelus Dodo La Kok Kulak Molo Sak Onone Bondho Kabeh Diudokno Ora Mung Ngamarto Opo Maneh Pendowo Pancali Ugo Kabeh Diwenehno Duryudono Ngguyu Kekel Sengkunine Kendel Kabeh Do Dibuntel Dadu Dadi Piandel Dursasono Tambah Gatel Tangane Goyal-Gayel Drupadi Dicekel Jarike Tambah Kandel.. Ing Projo Ngastino Dadi Seksi Nyoto Laku Durjono Tumindak Cidro Bakal Ciloko Sakabehing Biso Dadi Tulodho.. Ing Projo Ngastino Dadi Seksi Nyoto Laku Durjono Tumindak Cidro Bakal Ciloko Wus Kaserat Ing Mohobaroto.. Du Doda Dadu Dikopyok Nganti Metu Besar Opo Kecil Menang Tambah Semrintil Siji Loro Telu Yen Kalah Dadi Awu Papat Limo Enem Yen Menang Mesti Marem