Du Doda Dadu Ditoto Karo Ngguyu
Besar Opo Kecil Menang Mesti Mecicil
Siji Loro Telu Papat Limo Enem
Kalah Dadi Awu Menang Mesti Digunem
Sengkuni Lungguh Kursi Ombenane Whiski
Dadu Disebuli Atur Strategi
Komat-Kamit Mateg Aji Kudu Iso Bati
Mergo Menang Kuwi Bakal Dadi Solusi..
Dursasono Mlebu-Metu Aromane Ciu
Pikirane Saru Ngumbar Howo Nepsu
Menang Menang Menang Bakal Iso Madhang
Madhang-Madhang Gedhen Bakale Oleh Balen
Ing Projo Ngastino
Dadi Seksi Nyoto Laku Durjono
Tumindak Cidro Bakal Ciloko
Wus Kaserat Ing Mohobaroto..
Yudhistiro Ngelus Dodo La Kok Kulak Molo
Sak Onone Bondho Kabeh Diudokno
Ora Mung Ngamarto Opo Maneh Pendowo
Pancali Ugo Kabeh Diwenehno
Duryudono Ngguyu Kekel Sengkunine Kendel
Kabeh Do Dibuntel Dadu Dadi Piandel
Dursasono Tambah Gatel Tangane Goyal-Gayel
Drupadi Dicekel Jarike Tambah Kandel..
Ing Projo Ngastino
Dadi Seksi Nyoto Laku Durjono
Tumindak Cidro Bakal Ciloko
Sakabehing Biso Dadi Tulodho..
Ing Projo Ngastino
Dadi Seksi Nyoto Laku Durjono
Tumindak Cidro Bakal Ciloko
Wus Kaserat Ing Mohobaroto..
Du Doda Dadu Dikopyok Nganti Metu
Besar Opo Kecil Menang Tambah Semrintil
Siji Loro Telu Yen Kalah Dadi Awu
Papat Limo Enem Yen Menang Mesti Marem