Chordyes

Tembang Donga

Tembang Donga Lyrics by Soimah

Ra Keroso Wis Seprene Nggonku Nggedeke.. Koyo Lagi Wingi Tak Kudang Lan Tak Rumati.. Trenyuh Ati Iki Nyatane Taun Wis Ganti Sliramu Wis Dadi Priyo Kang Sejati Hambangun Bebrayan Mulyo.. Ngger.. Anakku Rungokno Ibu Titip Tembung.. Nggo Sangu Urip Madya Ning Bebrayan Agung.. Gemi Lan Nastiti Sing Sabar Lan Ngati-Ati Mugiyo Nggonmu Bebrayan Selawase Tansah Pinaring Kamulyan.. Tangismu Dadi Donga Ning Atiku.. Saben Esemmu Dadi Cahyo Dalanku.. Tangan Sing Wit Cilik Tak Gegem Saiki Kudu Tak Culake Mergo Wis Titi Wancine Neruske Dalan Uripe.. Reff : Dongo Lan Pangestu.. Mung Kanggo Sliramu.. Tembang Dongane Ibu.. Genggemen Njero Atimu.. Gusti Bakal Mayungi.. Saben Kabeh Langkahmu.. Langgeng Setyo Tuhu.. Soko Ijab Kabul Nganti Pungkase Wektu.. Reff : (overtune) Dongo Lan Pangestu.. Mung Kanggo Sliramu.. Tembang Dongane Ibu.. Genggemen Njero Atimu.. Gusti Bakal Mayungi.. Saben Kabeh Langkahmu.. Langgeng Setyo Tuhu.. Soko Ijab Kabul Nganti Pungkase Wektu.. Soko Ijab Kabul Nganti Pungkase.. Wektu..