Eh Eh Eh.. Nginang Karo Ngilo
Kothak Cilik Mas Nggo Wadah Mbako
Aku Emoh-Aku Emoh Yen Kowe Ngono
Plonga-Plongo Anggepmu Koyo Wong Bodo
Dituthuk Nganggo Pipo Ledeng
Isi Kapuk Mas Jenenge Klentheng
Tiwas Methuk- Tiwas Methuk Sikile Kemeng
Bareng Pethuk Jebule Malah Mentheleng
Reff :
Eman-Eman Di-Eman-Eman
Wong Dolanan Malah Dadi Tenanan
Eman-Eman Di-Eman-Eman
Eman-Eman Jebule Ora Keduman
Pilih Gethuk Opo Pilih Tape
Podo-Podo Mas.. Soko Telane
Mbiyen Piye Saiki Katone Piye
Yen Ra Mathuk Mumpung Podo Butuhe
Eh Eh Eh.. Nginang Karo Ngilo
Numpak Jaran Mas.. Jarane Belo
Mbiyen Kae-Mbiyen Kae Janji Ra Ngono
Bungah Susah Jare Dinggo Wong Loro