Yo Ayo Iki Mlebu Wulan Poso
Poro Menungso Mulai Toto-Toto
Noto Manah, Noto Jiwo, Mepeg Dur Angkoro
Kudu Luwih Apik Adoh Tumindak Olo
Jare Sengkuni Niat Belajar Ngaji
Pingin Uripe Iso Ayem Migunani
Sengkuni Pingin Cedak Karo Gusti
Sengkuni Srei Dengki Kudu Mari
(Tobat Neng, Tobat..)
Dursasono Prei Ndugal Mbok Menowo
Mlebu Sasi Poso Kudu Dadi Tulodho
Karaoke, Judi, Mbabon Leren Sakwetoro
Senajan Rekoso Nanging Niat Kudu Ono
Nyawang Kahanan Bismone Tambah Ayem
Begawan Durno Ati Seneng Mesam-Mesem
Durmogati Stel Kendo Mlaku Kalem
Citraksi Leren Mendhem Jo Digunem..
Reff :
Wis.. Wan..cine
Sasi Romadhon Wayahe Poso..
(Yen Niat Yo Ngempeto..)
Ja..re.. Simbah
Demit-Demite Dibondo..
(Dicemplungne Segoro..)
Wis.. Wa..yahe
Tumindak Becik Ora Sembrono..
(Sembahyange Dijogo..)
Apik Sakben..dino
Tekan Poso Ngarep Teko..
Wektu Sewulan Cen Apik Iso Poso
Poso Opo Wae Ora Mung Ngunjuk Nedho
Belajar Ngempet Babahan Howo Songo
Tumrape Menungso Dadi Laku Kang Utomo
Puntodewo Tambah Sabar Bab Agomo
Bimo Lan Janoko Ora Kendat Yen Dedungo
Nakulo Sadewo Noto Manah Olah Roso
Drupadi Tansah Syukur Mring Kuoso..
Kyai Semar Paring Dalil Ular-Ular
Nolo Gareng Mbuka Kitabe Diwedar
Kyai Petruk Wiridan Donyane Ambyar
Ustadz Bagong Teko
Preman Kampung Podo Bubar
Mas Togog Duwe Niat Pingin Tobat
Mas Mbilung Leren Mreman Ojo Kumat
Mbok Cangik Tambah Syukur Ora Sambat
Mbak Limbuk Gawe Jilbab Tutup Aurat..
Reff :
Wis.. Wan..cine
Sasi Romadhon Wayahe Poso..
(Yen Niat Yo Ngempeto..)
Ja..re.. Simbah
Demit-Demite Dibondo..
(Dicemplungne Segoro..)
Wis.. Wa..yahe
Tumindak Becik Ora Sembrono..
(Sembahyange Dijogo..)
Apik Sakben..dino
Tekan Poso Ngarep Teko..
Lailahailallah
Al Malikul Haqqul Mubin..
Muhammadur Rosulullah
Shodiqul Wa’dil Amin..
Gusti Allah
Sejatine Pangeran Kulo..
Nabi Muhammad Iku Panutan Kulo..
Nabi Muhammad Iku Panutan Kulo..