Intro
Chorus
Crito Urip Sopo Sing Ngerti
Ngalor Ngidul Berharap Oleh Rejeki
Susahe Wong Sudro
Sing Nasibe Rung Ketoto
Ora Pengen Ngrepoti Wong Tuo
Sewu Dalan Sampun Tak Liwati
Tekad Kuat Opo Wae Tak Lakoni
Sak Dawane Dalan Golek Sandang Pangan
Kudu Ikhlas Nompo Keadaan
Bapak Ibu Nyuwun Dongo Restu
Mugo Iso Sukses Usahaku
Konco Seangkatan Kabeh Wis Podo Mapan
Aku Ning Kene Seh Berjuang Nggowo Lamaran
Urung Wani Ngomongne Barang Cinta Cintaan
Wong Golek Gawean Rasane Mumet Tenan
Nyobo Skrol Ig Isine Podo Healing
Podo Update Status Wes Koyo Agen Traveling
Pengangguran Premium Isone Mung Nelongso
Nyawang Wong Wong Sing Podo Sugeh Bondo
Chorus
Mangan Ra Enak
Turu Rasane Ra Nyenyak
Tak Kiro Ngopo
Jebule Sinau Nrimo
Instrumental
Verse
Sewu Dalan Sampun Tak Liwati
Tekad Kuat Opo Wae Tak Lakoni
Sak Dawane Dalan Golek Sandang Pangan
Kudu Ikhlas Nompo Keadaan
Bapak Ibu Nyuwun Dongo Restu
Mugo Iso Sukses Usahaku
Jamane Wes Edan Golek Kerjo Angel Tenan
Kudu Nduwe Koneksi Jaringan Orang Dalam
Nasibe Perintis Kalah Karo Kenyataan
Masio Pinter Kalah Karo Seng Nduwe Kenalan
Jaman Lagi Susah Tatanan Soyo Bubrah
Mencoba Amanah Kalah Karo Wong Ra Genah
Nguber Donyo Nganti Tego Mangan Konco
Opo Ra Kelingan Nek Mati Butuh Wong Liyo
Chorus
Mangan Ra Enak
Turu Rasane Ra Nyenyak
Tak Kiro Ngopo
Jebule Sinau Nrimo
Tak Kiro Ngopo
Jebule Sinau Nrimo