Chordyes

Kiai Jarkoni

Kajawi & GNTZ의 Kiai Jarkoni 가사

Ceritane Wayang Saiki Nganeh-Nganeh Nggegirisi Karepe Noto Ati Belajar Ilmu Sejati Kadung Pingin Iso Ngaji Manut Dawuh Si Jarkoni Niat Kuat Tulus Ati Jebule Kok Digerayahi Jarkonine Mbilung Awan Bengi Nganggo Sarung Ndalil Koyo Umplung Weruh Pupu Lha Kok Bingung Ra Kedaden Lha Kok Mutung Isih Apik Telek Lencung Duh Gusti Aduh Biyung Klambine Mung Dadi Kudung.. Semar Paring Tutur Dadi Pendhito Jo Ngawur Urip Ayem Makmur Ngelmu Kanggo Munggah Duwur Ngati-Ati Ojo Keslimur Kepleset Kecemplung Sumur Yen Wis Kadung Ajur Koyo Sego Dadi Bubur.. Nanging Ono Wae Ra Kewahyon Dadi Ngene Yen Dadi Guru Arane Ora Sak Karepe Dewe Pasang Dalil Dinggo Topeng Asline Gambare Celeng Jero Lambe Amung Lamis Mripat Abang Mambu Amis.. Reff : Gajah Diblangkoni Kojah Ra Iso Nglakoni.. Unto Numpak Mercy Bab Sing Bener Kok Mblenjani Bantenge Adus Kali Omongane Ora Kebukti Ulone Nglirjangi Wayah Nglilir Kok Majangi.. Pujopa Japu Atos Watu Empuk Tahu.. Pujopa Japu Semprong Bolong Buntu Alu.. Pujopa Japu Rondo Kuru Ojo Melu.. Pujopa Japu Perawan Ayu Melu Aku.. Dindulit-Ndulit Sitik (Ah-Ah) Driji Ngithik-Ithik (Ah-Ah) Ayo Ihik-Ihik (Payah) Geger Dadi Topik (Parah) Ngomong Budi, Ngomong Toto Polahe Kok Asusilo Ngaku Ngopeni, Ngayomi Kelimpe Ngumbar Birahi.. Man Eman-Eman Mung Dadi Klambi Pesta Nggo Sandangan Mergo Ono Kamera Obat Watuk Pahit-Pahit Pedes Mari Ra Ono Obat Watak Digowo Mati.. Reff : Gajah Diblangkoni Kojah Ra Iso Nglakoni.. Unto Numpak Mercy Bab Sing Bener Kok Mblenjani Bantenge Adus Kali Omongane Ora Kebukti Ulone Nglirjangi Wayah Nglilir Kok Majangi.. Gajah Diblangkoni Kojah Ra Iso Nglakoni.. Unto Numpak Mercy Bab Sing Bener Kok Mblenjani Bantenge Adus Kali Omongane Ora Kebukti Ulone Nglirjangi Wayah Nglilir Kok Majangi..