Reff :
Bumi Reyog Ponorogo..
Kuthone Nyeni Ayem Lan Prasojo..
Ojo Nganti Lali..
Dolan Mrene Mengko Tak Kancani..
Endah Seni Budayane..
Ora Lali Adat Istiadate..
Iki Ora Sepele..
Ayo Dulur Kabeh Podho Dolan Mrene..
Iki Ono Lagu Dudu Cerito Sing Lucu
Ora Waton Muni Opo Maneh Lakon Saru
Iki Kutho Reyog Mampir Kene Dadi Candu
Dolan Aloon-Aloon Cuci Mata Mlaku-Mlaku
Ning Kene Karan Kuthone Budoyo
Panggon Mijil Lan Urip Reyog Ponorogo
Pengen Dadi Ngerti Babagan Ilmu Agomo
Ayo Do Mondok Mlebu Kono Dadi Iso..
Ning Kene Tondho Lahir H.o.s Tjokroaminoto
Panggon Gulowentah Raden Ronggowarsito
Munggah Ngetan Sitik Bablas Menyang Telogo
Ngisor Gunung Wilis Golek Duren Opo Nongko
Pengen Sing Seger-Seger Budal Menyang Jabung
Ono Monumen Reyog Panggone Ning Sampung
Dolan Waduk Bendo Delok Banyu Ojo Nyemplung
Digasne Wae Tinimbang Ning Omah Bingung
(Yoyoyo Dolan Mrene Yo..)
Ning Kutho Kene Pancen Seje
Akeh Hiburane..
Mumpung Durung Kebacut
Ayo Konco Dolan Ning Ponorogo..
Reff :
Bumi Reyog Ponorogo..
Kuthone Nyeni Ayem Lan Prasojo..
Ojo Nganti Lali..
Dolan Mrene Mengko Tak Kancani..
Endah Seni Budayane..
Ora Lali Adat Istiadate..
Iki Ora Sepele..
Ayo Dulur Kabeh Podho Dolan Mrene..
Jo Kuwatir Yen Luwe Budal Tuku Sate
Sego Pecel Gethuk Lan Sak Pinunggalane
Tuku Opo Wae Ning Pasar Legi Panggone
Pengen Wedang Kopi Mesti Akeh Jujugane
Arep Numpak Bis Ning Terminal Seloaji
Wisata Religi Bablas Masjid Tegalsari
Ning Ngebel Delok Air Mancur E Menari
Kampuse Unida, Unmuh, Uin, Lan Insuri..
Ning Ponorogo Iku Ono Sejarahe
Jaman Biyen Kawentar Wengker Iku Asmane
Bathara Katong Bangun Kutho Babad Alase
Dadi Panggon Becik Nganti Tekan Seprene
Suro Menggolo Lan Gunoseco Iku Waroke
Persepon Wis Kondhang Dadi Klub Bal-Balane
Grebeg Suro Pesta Budoyo Masyarakate
Ojo Nganti Pecah Ben Ora Ilang Jenenge..
(Ayo Nin Dolan Rene Nin..)
Ning Kutho Kene Pancen Seje
Akeh Hiburane..
Mumpung Durung Kebacut
Ayo Konco Dolan Ning Ponorogo..
Reff :
Bumi Reyog Ponorogo..
Kuthone Nyeni Ayem Lan Prasojo..
Ojo Nganti Lali..
Dolan Mrene Mengko Tak Kancani..
Endah Seni Budayane..
Ora Lali Adat Istiadate..
Iki Ora Sepele..
Ayo Dulur Kabeh Podho Dolan Mrene..
Bumi Reyog Ponorogo..
Kuthone Nyeni Ayem Lan Prasojo..
Ojo Nganti Lali..
Dolan Mrene Mengko Tak Kancani..
Endah Seni Budayane..
Ora Lali Adat Istiadate..
Iki Ora Sepele..
Ayo Dulur Kabeh Podho Dolan Mrene..