Ning Kutho Solo, Muda Lan Mudi
Ing Taman Jurug Ing Pinggir Bengawan Solo..
Muda Lan Mudi, Awan Lan Wengi
Do Suko-Suko,
Nanging Ojo Ngiket Janji..
Chorus
Cahyaning Bulan, Nrajang Pucuk Ing Cemoro
Angin Kang Teko, Sasat Nggowo Gending Tresno
Banyu Bengawan, Sinorot Cahyaning Bulan
Lir Sewu Dian, Alerap Nggugah Kenangan..
Ngersakke Nopo, Mung Sarwo Ono
Ning Taman Jurug, Taman Endah Kutho Solo..
Papan Kreasi, Muda Lan Mudi
Sing Tuwo-Tuwo Welinge Jo Nganti Lali
Ning Kutho Solo, Muda Lan Mudi
Ing Taman Jurug Ing Pinggir Bengawan Solo..
Muda Lan Mudi, Awan Lan Wengi
Do Suko-Suko,
Nanging Ojo Ngiket Janji
Chorus
Cahyaning Bulan, Nrajang Pucuk Ing Cemoro
Angin Kang Teko, Sasat Nggowo Gending Tresno
Banyu Bengawan, Sinorot Cahyaning Bulan
Lir Sewu Dian, Alerap Nggugah Kenangan
Ngersakke Nopo, Mung Sarwo Ono
Ning Taman Jurug, Taman Endah Kutho Solo..
Papan Kreasi, Muda Lan Mudi
Sing Tuwo-Tuwo Welinge Jo Nganti Lali
Sing Tuwo-Tuwo Welinge Jo Nganti Lali