Ra Keroso Wis Seprene
Nggonku Nggedeke..
Koyo Lagi Wingi
Tak Kudang Lan Tak Rumati..
Trenyuh Ati Iki
Nyatane Taun Wis Ganti
Sliramu Wis Dadi Priyo
Kang Sejati Hambangun Bebrayan Mulyo..
Ngger.. Anakku Rungokno Ibu
Titip Tembung..
Nggo Sangu Urip
Madya Ning Bebrayan Agung..
Gemi Lan Nastiti
Sing Sabar Lan Ngati-Ati
Mugiyo Nggonmu Bebrayan
Selawase Tansah Pinaring Kamulyan..
Tangismu Dadi Donga Ning Atiku..
Saben Esemmu Dadi Cahyo Dalanku..
Tangan Sing Wit Cilik Tak Gegem
Saiki Kudu Tak Culake
Mergo Wis Titi Wancine
Neruske Dalan Uripe..
Reff :
Dongo Lan Pangestu..
Mung Kanggo Sliramu..
Tembang Dongane Ibu..
Genggemen Njero Atimu..
Gusti Bakal Mayungi..
Saben Kabeh Langkahmu..
Langgeng Setyo Tuhu..
Soko Ijab Kabul
Nganti Pungkase Wektu..
Reff : (overtune)
Dongo Lan Pangestu..
Mung Kanggo Sliramu..
Tembang Dongane Ibu..
Genggemen Njero Atimu..
Gusti Bakal Mayungi..
Saben Kabeh Langkahmu..
Langgeng Setyo Tuhu..
Soko Ijab Kabul
Nganti Pungkase Wektu..
Soko Ijab Kabul
Nganti Pungkase.. Wektu..