Chordyes

Sasi Pasa

Sasi Pasa Lyrics by Kajawi

Yo Ayo Iki Mlebu Wulan Poso Poro Menungso Mulai Toto-Toto Noto Manah, Noto Jiwo, Mepeg Dur Angkoro Kudu Luwih Apik Adoh Tumindak Olo Jare Sengkuni Niat Belajar Ngaji Pingin Uripe Iso Ayem Migunani Sengkuni Pingin Cedak Karo Gusti Sengkuni Srei Dengki Kudu Mari (Tobat Neng, Tobat..) Dursasono Prei Ndugal Mbok Menowo Mlebu Sasi Poso Kudu Dadi Tulodho Karaoke, Judi, Mbabon Leren Sakwetoro Senajan Rekoso Nanging Niat Kudu Ono Nyawang Kahanan Bismone Tambah Ayem Begawan Durno Ati Seneng Mesam-Mesem Durmogati Stel Kendo Mlaku Kalem Citraksi Leren Mendhem Jo Digunem.. Reff : Wis.. Wan..cine Sasi Romadhon Wayahe Poso.. (Yen Niat Yo Ngempeto..) Ja..re.. Simbah Demit-Demite Dibondo.. (Dicemplungne Segoro..) Wis.. Wa..yahe Tumindak Becik Ora Sembrono.. (Sembahyange Dijogo..) Apik Sakben..dino Tekan Poso Ngarep Teko.. Wektu Sewulan Cen Apik Iso Poso Poso Opo Wae Ora Mung Ngunjuk Nedho Belajar Ngempet Babahan Howo Songo Tumrape Menungso Dadi Laku Kang Utomo Puntodewo Tambah Sabar Bab Agomo Bimo Lan Janoko Ora Kendat Yen Dedungo Nakulo Sadewo Noto Manah Olah Roso Drupadi Tansah Syukur Mring Kuoso.. Kyai Semar Paring Dalil Ular-Ular Nolo Gareng Mbuka Kitabe Diwedar Kyai Petruk Wiridan Donyane Ambyar Ustadz Bagong Teko Preman Kampung Podo Bubar Mas Togog Duwe Niat Pingin Tobat Mas Mbilung Leren Mreman Ojo Kumat Mbok Cangik Tambah Syukur Ora Sambat Mbak Limbuk Gawe Jilbab Tutup Aurat.. Reff : Wis.. Wan..cine Sasi Romadhon Wayahe Poso.. (Yen Niat Yo Ngempeto..) Ja..re.. Simbah Demit-Demite Dibondo.. (Dicemplungne Segoro..) Wis.. Wa..yahe Tumindak Becik Ora Sembrono.. (Sembahyange Dijogo..) Apik Sakben..dino Tekan Poso Ngarep Teko.. Lailahailallah Al Malikul Haqqul Mubin.. Muhammadur Rosulullah Shodiqul Wa’dil Amin.. Gusti Allah Sejatine Pangeran Kulo.. Nabi Muhammad Iku Panutan Kulo.. Nabi Muhammad Iku Panutan Kulo..